Sony Xperia Z Ultra - Nggoleki piranti sing ilang

background image

Nggoleki piranti sing ilang

Yen sampeyan nduweni akun Google™, layanan web "Protection by my Xperia" bisa

nulung sampeyan nemokake lan ngamanake piranti yen sampeyan nate kelangan. Yen

wis ngaktifake layanan iki ing piranti utawa ing

myxperia.sonymobile.com

, sampeyan

bisa:

Nemokake piranti ing peta.

Munekake tandha sanajan piranti ing mode bisu.

Ngunci piranti saka adoh.

Mbusak memori internal lan eksternal ing piranti saka adoh minangka cara terakhir.

Layanan "Protection by my Xperia" bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara/wilayah.

Ngaktifake layanan Protection by my Xperia ing piranti

1

Pesthekake sambungan data aktif.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Palindhungan dening my Xperia >

Aktifake.

4

Yen sampeyan ngaktifake layanan kaping pisanan, tandhani kothak centhang

kanggo nyetujoni syarat lan katemtuan panggunaan layanan Protection by my

Xperia, banjur tutul

Tampa.

5

Yen dijaluk, mlebua ing akun Google™, utawa gawe akun anyar yen sampeyan

durung duwe.

6

Aktifake layanan lokasi ing piranti yen fungsi iki durung diaktifake.

Kanggo mesthekake layanan Protection by my Xperia bisa nemokake piranti sampeyan sawise

sampeyan ngaktifake layanan, bukak

myxperia.sonymobile.com

lan mlebu nganggo akun

Google™ sing wis disetel ing piranti.

Yen sampeyan nggunakake piranti sing nduweni akeh pangguna, elinga yen layanan

Protection by my Xperia mung bisa digunakake dening pangguna sing mlebu minangka

pamilik.