
Nindakake tes diagnostik ing piranti
Aplikasi Xperia™ Diagnostics bisa ngetes fungsi tartamtu utawa nindakake tes diagnostik
kanggo mriksa manawa piranti Xperia™ sampeyan mlaku kanthi bener.
Xperia™ Diagnostics bisa:
•
Ngira-ira kemungkinan masalah piranti keras utawa piranti lunak ing piranti Xperia™
sampeyan.
•
Nganalisis manawa aplikasi mlaku ing piranti sampeyan kanthi apik.
•
Nyathet jumlah telpon kapedhot ing 10 dina kapungkur.
•
Ngidentifikasi piranti lunak sing diinstal lan nyedhiyakake rincian sing migunani babagan
piranti sampeyan.
Aplikasi Xperia™ Diagnostics wis diinstal ing akeh piranti Android™ saka Sony. Yen opsi
Diagnostics ora kasedhiya ing
Setelan > Babagan telpon, sampeyan bisa ndownload versi
entheng saka Google Play™.
Nindakake tes diagnostik khusus
1
Saka Layar Ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Babagan telpon > Diagnostik > Tes .
3
Pilih tes saka dhaptar.
4
Tindakake instruksi lan tutul
Ya utawa Ora kanggo ngonfirmasi menawa fitur
kasebut lumaku.
132
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nindakake kabeh tes diagnostik
1
Saka Layar Ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Babagan telpon > Diagnostik > Tes > Bukak kabeh.
3
Tindakake instruksi lan tutul
Ya utawa Ora kanggo ngonfirmasi menawa fitur
kasebut lumaku.
Ndeleng rincian babagan piranti
1
Saka Layar Ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Babagan telpon > Diagnostik > Fakta.