Sony Xperia Z Ultra - NFC

background image

NFC

Gunakake Near Field Communications (NFC) kanggo enggo bareng data karo piranti

liyane, kayata video, potret, alamat kaca web, file musik utawa kontak. Sampeyan uga

bisa nggunakake NFC kanggo nelusur cepet sing menehi informasi babagan prodhuk

utawa layanan sarta label sing nguripake fungsi tartamtu ing piranti sampeyan.
NFC iku teknologi kanthi jangkoan maksimum sak sentimeter, dadi piranti-piranti sing

nganggo bareng data kudu dicedhakake. Sadurunge bisa nganggo NFC, sampeyan

kudu nguripake fungsi NFC dhisik, lan layar piranti kudu aktif.

NFC bisa uga ora kasadhiya ing kabeh negara lan/utawa wilayah.

Nguripake fungsi NFC

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane.

3

Tutul saklar on-off ing jejere

NFC.

Anggo bareng kontak karo piranti liyane nganggo NFC

1

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti kaloro wis diuripake, lan yen layar loro-

lorone aktif.

2

Kanggo ndeleng kontak, bukak Layar Ngarep sampeyan, tutul , banjur tutul .

3

Tutul kontak sing arep dianggo bareng.

4

Cekeli piranti lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area dheteksi NFC ing

saben piranti bisa sesenggolan. Nalika piranti kaloro nyambung, gambar cilik

kontak bakal katon.

5

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kiriman.

6

Yen pangiriman wis rampung, katrangan kontak dituduhake ing layar piranti

panampa lan uga disimpen ing piranti panampa.

109

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nganggo bareng file musik karo piranti liyane nganggo NFC

1

Pesthekake yen piranti sampeyan lan piranti panampa wis nguripake NFC lan layar

loro-lorone aktif.

2

Kanggo mbukak aplikasi Lagu, tutul , banjur golek lan tutul .

3

Pilih kategori musik lan tlusur trek sing arep dianggo bareng.

4

Tunyuk trek kanggo muter. Sampeyan bisa nutul supaya trek ngaso. Transfer

tetep bisa mlaku senajan trek diputer utawa leren.

5

Cekeli piranti lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi NFC

saben piranti bisa sesenggolan. Nalika piranti kaloro nyambung, gambar cilik trek

bakal katon.

6

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kiriman.

7

Yen pangiriman wis rampung, file musik langsung muter ing piranti panampa.

Sanalika uga, file disimpen ing piranti panampa.

Nganggo bareng foto utawa video karo piranti liyane nganggo NFC

1

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti kaloro wis diuripake, lan yen layar loro-

lorone aktif.

2

Kanggo ndeleng foto lan video ing piranti, pindhah menyang Layar Ngarep, tutul

, banjur temokake lan tutul

Album lagu.

3

Tutul foto utawa video sing arep dianggo bareng.

4

Cekeli piranti lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi NFC

saben piranti bisa sesenggolan. Nalika piranti kaloro nyambung, gambar cilik trek

bakal katon.

5

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kiriman.

6

Yen pangiriman wis rampung, foto utawa video dituduhake ing layar piranti

panampa. Sanalika uga, kiriman kasebut disimpen ing piranti panampa.

Nganggo bareng alamat web karo piranti liya nganggo NFC

1

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti kaloro wis diuripake, lan yen layar loro-

lorone aktif.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Kanggo mbukak panjlajah web, temokake lan tutul .

4

Amot kaca web sing arep dianggo bareng.

5

Cekeli piranti lan piranti panampa ungkur-ungkuran supaya area deteksi NFC

saben piranti bisa sesenggolan. Yen piranti nyambung, muncul gambar cilik.

6

Tutul gambar cilik kanggo wiwit kiriman.

7

Yen pangiriman wis rampung, kaca web bakal dituduhake ing layar piranti

panampa.

Maca cepet label NFC

Piranti bisa maca cepet maneka warna label NFC. Contone, piranti bisa maca cepet

label sing ditempelake ing poster, papan iklan gedhe, utawa jejere produk ing toko

eceran. Sampeyan bisa nampa informasi tambahan, kayata alamat web.

Nyeken tenger NFC

1

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti sampeyan wis diuripake lan layar aktif.

2

Selehake piranti sampeyan ing ndhuwure tenger supaya area dheteksi NFC

nyenggol tenger. Piranti nyeken tenger banjur nuduhake isi sing diklumpukake.

Tutul isi tenger kanggo mbukak.

Nyambung karo piranti sing kompatibel karo NFC

Sampeyan bisa nyambungake piranti karo piranti liyane sing kompatibel karo NFC

gaweane Sony, kayata spiker utawa piranti kuping. Nalika lagi nandangi sambungan sing

kaya mengkene iki, waca Pandhu pangguna piranti sing kompatibel kanggo informasi

liyane.

Sampeyan perlu nguripake Wi-Fi® utawa Bluetooth® ing piranti loro-lorone supaya

sambungan aktif.

110

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.